Amne Machen - Gunung Siluman Sing Nyebar Supata

0
0
Terkunci
Deskripsi

Miturut ujaring sumber kang pinercaya, ing wilayah tapel wates antarane Tibet klawan Cina ana sawijining gunung siluman sing aeng banget. Diomong aeng, amarga gunung iki pancen aneh lan ajaib. Gunung iki disebutake minangka gunung sing paling dhuwur sadonya, nanging ora saben wong bisa nyawang. Malah cilakane, sapa wae sing bisa nyawang gunung iki bakal cilaka kanthi ngenesake.

Jenenge Gunung Amne Machen. Gunung sing mung ngatonake wujude sawayah-wayah iki wis marakake sadengah wong padha kagodha...

Dukung suporter dengan membuka akses karya

Pilih Tipe Dukunganmu

Paket
1 konten
Akses 30 hari
100
Karya
1 konten
Akses seumur hidup
150
Sudah mendukung? Login untuk mengakses
Selanjutnya Lêlakoné Olaf Jansên, Kêblasuk ing Sajroning Bumi
1
0
Olaf Jansen manggon ånå ing Stockholm, Swédia. Dhèwèke lair ånå ing kuthå cilik Uleaborg, Russia, ing 27 Oktober 1811. Wong tuwané asring lêlungan, golèk iwak ing sadawané supitan Bothnia. Ing wulan April 1829, bapaké ngajak Olaf Jansên mangkat lêlayaran. Nalikå kuwi, wong loro têkan ing Pulo Spitsbêrgên, sawijiné pulo sing paling gêdhé ing kêpulowan Svalbard - Norwégia, sacêdhaké Kutub Lor.Sawisé sawêtårå dinå mlaku ånå ing tlatah lor pulo kasêbut, Olaf Jansên lan wong tuwané ora sêngåjå ngrasakaké sêmiliré angin sing alus lan angêt, ora anyês kåyå déné 2angin salju, kåyå nalikané mangkat såkå Norwégia. Bapaké Olaf Jansên, sing ngrasuk kapitayan Déwå Odin lan Thor såkå Éropa Lor, sêring nyaritakaké marang anaké, dêdongèngan ngênani pårå déwå sing manggon ånå ing Pardèn Sukåwati, såkå punjêré angin ing bagéyan Lor. Kapitayan iki såyå ndadèkaké bapak lan anak iki dåyå-dåyå mlaku ngalor têrus, kanggo mangêrtèni asalé angin kasêbut.Ora watarå suwé, Olaf Jansên lan bapaké nêmokaké kaélokan ing kånå. Akèh pang såkå wit-witan gêdhé kang ngambang ing sacêdhaké pulo cilik, kang ora ånå arané. Nalikané arêp tumuju ånå kånå, sadawané laku, wong loro kuwi katêrak udan salju kang kêcampur karo angin sindhung riwut lan pêdhut kandêl. Sanajan tå kåyå mangkono, wong loro kuwi nékad nêdyå nêrjang pêdhut lan kêcampur karo udan salju kasêbut. Ora watårå suwé, kahanan dadi angêt, kåyå nalikåné prauné wong loro kasêbut mlaku mangidul, ananging arahé pandom kompas têtêp nuduhaké tumuju mangalor.Nalikå kuwi, kanthi ora sêngaja Olaf Jansên kecipratan banyu bêning, barêng dirasakaké, jêbul kuwi banyu tåwå, lan durung waé kobêr nggagas iki mau banyu såkå ngêndi, ora watårå suwé, nang ngarêpané wong loro wis katon laladan ijo. Ora klèru manèh, mênåwå wong loro kuwi wis têkan sungapané kali. Ing cåkråwålå, wong loro iku ugå nemokaké sawijining titik liyå, kåyå déné bundêrané srengenge, mung biså dikandhakakake mênåwå kuwi sajinising srêngéngé waé. Nalikå iku, ora ånå mégå, åpå déné pêdhut laut sing ngalang-ngalangi, cahyå iku warnané kåyå abangé tembågå sing ora patiyå cêthå.Srêngéngé tiron iku ugå biså malih dadi kåyå déné mégå kang måwå cahyå, kåyå déné nang mburiné ånå cahyå gêdhé. Olaf Jansên lan bapaké mung bisa nyarawidèkakè mênåwå srêngéngé kang warnané abang têmbågå kuwi, dudu srêngéngé tênan utåwå pantulané srêngéngé, ananging kuwi sawijiné lintang kanthi wujud liyå. Bapaké sing wis duwé pêngalaman suwé, banjur nggraitå mênåwå wong loro nêmbé waé ngliwati gapurå Arktik lan mlêbu ing sanjêroné Bumi. Adhêdhasar pêngalamané lêlayaran, Bapaké Olaf nggraitå mênåwå kandêlé kêrak bumi kuwi ånå yèn mung 500 km-an waé. Nanging, mênåwå ditandhingaké karo gêdhéné ndonyå iki, kåyå déné mung bathok krambil waé.Wong loro banjur mlaku têrus, såkå kanal tumuju ing njêro Bumi, ngliwati alas kêtêl lan uga patêgalan, kang pas kuwi nêmbé ditanduri kacang-kacangan, kang énak dipangan. Sawisé mlaku sawêtårå suwéné, pungkasané, ing kawitan wulan Sèptèmbêr wong loro ugå nêmoni kaélokan manèh. Ing ngarêpé ånå kapal rasêkså sing wujudé anèh.Nalikå pådhå déné kamitênggêngên, dumadakan såkå njêro kapal, mêtu pårå rasêkså, gunggungé ênêm pawongan. Olaf lan bapaké sing dhuwuré kirä-kirȧ 180 cm kuwi ora nganti têkan sak bangkèkané pårå rasêkså kuwi. Sênajan tå awaké gêdhé dhuwur, nanging wêwujudané ora mêdèni kåyå pårå rasêkså ing wayang kaé, rupané têtêp kåyå déné wong lumrah, mung ukurané sing ora umum ning ugå sumèh, ora mêdèni.Antarané wêdi campur ngungun, dumadakan pårå rasêkså kuwi ngajak wong loro kuwi mlêbu kapal lan pådhå déné ngacarani mangan Olaf lan bapaké. Sajroné ngrahapi 5panganan, sing ukurané uga ora lumrah kuwi, wong loro ditanggap déning pårå rasêkså iku, mulå bukané nganti biså têkan kono. Rampung anggoné mangan, pårå rasêkså iku pådhå ngajak Olaf lan bapaké mênyang krajané pårå rasêkså iku. Kawitané wong loro pådhå déné kêwêdèn, mêngko åjå-åjå arêp didadèkaké tumbal ånå kånå, åpå arêp kanggo tontonan wong akèh. Nanging, sawisé dijlèntrèhaké déning salah sawijiné ra- sêkså kang kåyå déné têtunggulé pårå rasêkså kuwi, wusanané wong loro gêlêm diajak lungå mênyang krajané.Ing sajroning bumi iku, Olaf lan bapaké mêruhi akèh kéwan-kéwan sing wis punah, padha tinêmu ånå kånå. Kéwan-kéwané lan têtuwuhan ugå gêdhéné ora umum. Råtå-råtå wit sing ånå kånå dhuwuré watårå 250 nganti 300 mètêr, ukurané pang-pangé nganti 30 mètêr. Olèhé ndêlêngé nganti singunên, mêdèni ngånå kaé. Woh anggur gêdhéné biså sak apêl, mangan loro baé biså mblêngêr. Bulus såkå ndhas nganti buntut dawané udåkårå 10 mètêran, déné ambané biså nganti nêm mètêran. Gajah rasêkså (mammoth) dawané nganti 30 mètêran, déné dhuwuré udåkårå 22 mètêran. Manuk sing ditêmoni déning wong loro kuwi ambané swiwiné nganti 10 mètêran, déné êndhogé dawané udåkårå 60 cm lan kandêlé mèh 30 cm.Umuré wong-wong rasêkså kang urip ing ngisor Bumi iku, udåkårå 600 nganti 800 taunan. Pårå priyané råtå-råtå umur 75 nganti satus taun, nêmbé ngancik pålåkråmå. Déné umur pålåkråmåné wong wadon, luwih ênom manèh.Sadinå-dinå, uripé pårå rasêkså kuwi ora bédå kåyå déné manungså kang ånå ing donyå ndhuwur. Råtå-råtå pådhå migunakaké êmas, kanggo manékå warnå kabutuhan ing panguripané, såkå priyasan, dhékorasi omah, nganti prabotan lan panganggo ing sadalan-dalan. Ilmu lan téknologiné pårå rasêkså kuwi, ora kalah karo manungså kang urip ing ndhuwur, malah kêpårå luwih maju manèh. Bångså rasêkså iku nduwèni manékå warnå sarånå kanggo transportasi, ånå kapal amphibi kang biså mlaku ing dharatan lan sêgårå, montor mabur kang dikêndhalèni sarånå éléktro magnètik. Saliyané iku, pårå rasêkså ugå biså cêcaturan nganggo sarånå têlêpati, tinimbang télpon utåwå ponsêl.Miturut åpå kang diwêruhi wong loro kuwi, laladan sajroné wêtêngé Bumi iku, têlung prapaté mung dharatan, sêdhêng sêprapaté nêmbé banyu. Ewå déné, akèh tinêmu kali kang gêdhé-gêdhé, ambané udåkårå 48 km. Déné, håwå atis ånå ugå ing lor lan kidulé laladan iki, kang ugå kanthi aran Kutub Lor lan Kidul. Såkå punjêré kutub-kutub kuwi ånå gunung ès banyu tåwå kang gêdhé bangêt.Sawisé rong taun bapak klawan anak iku urip ånå sajroné Bumi, kaloroné wiwit kangen urip ånå ing ndhuwur manèh. Kaloroné, pådhå déné mratélakaké pêpénginané anggoné arêp mulih lan njaluk pamit marang bångså rasêkså iku. Pårå rasêkså pådhå ngandhani, mênåwå dalan anggoné arêp mulih kuwi mbêbayani lan abot bangêt lan manèh, åpå gunané bali, wong kanyatan nang kéné, sakabèhé kabutuhané wong loro wis kacukupan, kêpårå malah luwih-luwih. Éwå déné, saking kangêné marang donyané dhéwé mêkså wong loro kuwi mbêrot njaluk mulih. Amargå, ora kênå dipalangi manèh kêka- rêpané wong loro kuwi, wusanané pårå rasêkså iku pådhå ngidini lan saliyané iku, ugå mènèhi sangu lan kapal kanggo mulih.Sawisé pamitan marang pårå rasêkså sing apikan tanggapé marang wong loro kasêbut, Olaf lan bapaké wiwit nêmpuh bêbåyå kanggo mulih mênyang donyané sakawit. Sawisé ngétung musim ing sandhuwuré Bumi, wong loro mutusaké mulih liwat Antartika, amargå ånå kånå saiki nêmbé musim panas.Nalikå têkan Antartika, bapaké Olaf tilar donyå katêrak ombak gêdhé kang nggêgirisi. Olaf Jansên dhéwé kampul-kampul ånå sêgårå, untungé ånå kapal minå sing nêmbé mbêbêdhag paus, nêmokaké dhèwèké kang énggal-énggal digåwå munggah. Nalikané dhèwèké nyaritakaké nalikané urip nang ngisor Bumi, wong-wong pådhå déné nganggêp dhèwèké kuwi wong édan, lan sabanjuré dikurung ånå njêro kapal, nganti dianggêp luwih waras.Sawisé nêmpuh wêktu nganti patang taun wolung wulan, Olaf Jansên nêmbé biså têkan Stockholm. Satêkané ånå ngomah, sapisan manèh dhèwèké nyaritakaké pêngalamané ånå ing ngisor Bumi marang pamané. Nanging pamané ora nanggapi critané Jansen kasêbut, malah wusanané Jansên dianggêp ora waras lan dilêbokaké ånå RSJ (rumah sakit jiwa) nganti 28 taun. Nêmbé diwêtokaké sawisé pamané dhèwèké tilar donyå. Nalikané wis tuwå, Jansen mutusaké pindhah mênyang Amerika kanggo ganti swasånå lan mêrgå ora bêtah dianggo nyèk-nyèkan lan guyon parikênå manèh. Kanggo ngawékani pêngalamané dianggêp wong édan déning wong-wong Amerika, wusanané Olaf Jansên gawé buku, kanthi irah-irahan The Smoky God lan dhèwèké njaluk buku iki diidêraké sawisé dhèwèké tilar donyå.                                                                             –o0 (Cuthêl) 0o–  Kapêthik såkå buku The Smoky God, anggitané Willis George Emerson.
Apakah konten ini melanggar ketentuan yang berlaku sesuai syarat dan persetujuan? Laporkan