SHOLAWAT DURRIL AZHAR

1
0
Deskripsi

SHOLAWAT DURRIL AZHAR

Amalan ini kita terima dari dari Guru Sekumpul.

Beliau berucap, amalan ini “rugi jika umur 40 tahun namun belum pernah bermimpi Rasulullah” kemudian beliau memberikan sholawat ini, yang diantara fadhilahnya adalah untuk Bermimpi Rasulullah saw, jadi fadhilah sholawat ini adalah diantaranya untuk bermimpi Rasulullah saw

Berikut adalah Amalan dari Abah Guru Sekumpul

untuk bermimpi Nabi Muhammad saw

اللهم صَلِّ وَسَلِّم عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّد

الدُّرِّ الأَزْهَر وَاليَقُوْتِ الأَحْمَر...

Karya ini GRATIS! Tapi kamu boleh kok kasih tip biar kreator hepi 🥰

Selanjutnya Ruwatan lan Sesajine
0
0
Ruwatan lan Sesajine  ~~~~~~~ 🌹🌹~~~~~~~Ruwatan iku upacara adat jawa kang ancasé kanggo mbébasake wong utawa wewengkon saka ancaman bebaya inti upacara Ruwatan iki  . Sejatiné wujud ndonga  , nyuwun pangayoman marang ALLAH saka ancaman bebaya -bebaya umpamané bencana alam lan liyané , uga ndonga yuwun pengampunan dosa - dosa lan kesalahan - kesalahan kang wis dilakoni kang bisa njalari bencana.  Upacara adat iki asale saka Ajaran budaya jawa kuna kang sifate sinkretis kang sakiki diadaptasi lan disesuaike karo ajaran agama🌷Makna  ~~~~~~~~Makna Ruwatan sejatiné reresik diri saka sakehing dosa lan panggawe ala , nggedhèkaké rasa panembah marang GUSTI kang akarya jagad. dimen rahayu uripé .Tembung Ruwat uga ateges bebas saka sakehing goda,  coba lan rencana , bebendu,  dosa,  lara lan sakpiturute.  Ruwatan iku upacara adat jawa kang ancasé kanggo mbébasaken wong masyarakat utawa wewengkon saka ancaman bebendu , umpamane bencana alam lan liyané, uga ndonga njaluk pengampunan dosa - dosa lan kesalahan - kesalahan kang wis dilakoni kang bisa njalari bencana lan dienggo tolak bala ana ing sawijining desa  .🌷Larangane  ~~~~~~~~~~Ing kepercayaan wong jawa ana wanti - wanti , supaya wong kang lagi mbobot ora pati cerak- cerak ( nyedhak )ing papan kang lagi ana ruwatan.  Amarga daya lan kekuwatan saka ruwatan kang lagi dipatrapke bisa marai gugurake calon jabang bayi . Ujare kekuwatan iki saka dayaning ilmu waringin sungsang ( aksara caraka walik ) . Lan bocah wadon yen lagi mbobot mboten angsal dipun Ruwat .🌷Sejarah.  ~~~~~~~~Upacara adat iki asale saka Bathara Kala , yaiku buta kang doyan mangan manungsa . Bathara Kala iku Putrane Bathara Guru utawa putu para dewa, jenis manungsa sing disenengi Bathara Kala lan dikuwatirake ngalami sukerta , ing Serat Centhini Wonten 145 , ananging ing mriki kula tulis amung sekedhik,   yaiku ;● 'Sing lair tunggal utawa ontang anting  ●kembar sepasang utawa kembar  ●Sendang kapit pancuran,  utawa lanang wadon lanang.  ●Pancuran kapit sendang utawa anak wadon lanang wadon.  ●Uger - uger lawang anak loro lanang kabeh  ● Ontang anting anak siji wadon ● Pandhawa utawa anak lima lanang kabeh ●Pandhawi anak 5 wadon kabeh  ● kedhana - kedhini anak loro lanang wadon ● Gondhang kasih anak loro béda pakulitane siji ireng , siji putih ● Dhampit utawa anak loro lanang wadon kang lairé bareng  ●Jawi ngirit Banteng anak mbarep wadon adhiné lanang kabeh  ● Banteng ngirit jawi , anak mbarep pembarep adhiné wadon kabèh  ● saramba anak 4 lanang kabeh ●sarimbi anak 4 wedok kabeh  ● bungkus  ● Julung pujud   ● Julungwangi  ●julung sungsang  ● tiba sampir ●wahono  ●Margono  ● Slewah ●Bule ●Kresna  ● walika  ●wungkuk  ● dengkak  ● wuji     🌻Sesajèn Kanggo Ruwatan🌻                          ~~~~Sesajen kang disiapake kanggo upacara iki antarané ;* Kain  mori  3 meter . *  kemenyan  * jarum kuning  * Kembang pitung  rupa  * pala  kependhem  * pala kasimpar   * pala  gumantung  * woh  - wohan  * piranti tetanen * kaca  pengilon  * gunting  * senthir lemah * kendhi  * kuwali * banyu pitung sêndhang  * tuwuhan  * jenang abang  * ingkung  *pitik bakar * iwen sejodo  * iber - iberan  * benang lawe  * suruh * beras * gedang setangkep  * tuwuhan  * klapa gading sejanjang  * cikal  * pari segedheng  * siwur gethong  * manuk dara.  Kudu dipun tanggap aké Wayang  Ruwatan.  Yen kanggo tolak bala utawa  mbuang sial , wong kang ngalami sukerta,  wong  kang diruwat  kudu nglakoni siraman banyu suci lan  nggunting rambut , rambute banjur dilarung ing segara.Mugi - mugi wedharan punika saget dados mupangate panjenengan sedaya.Kawedar punika Saking Sanggar Rias Pengantin :  Nyai Khen Dedes.Salam Rahayu  🙏🙏
Apakah konten ini melanggar ketentuan yang berlaku sesuai syarat dan persetujuan? Laporkan